Sabtu, 21 November 2015

Asal Usul Desa Sunggingan




Adoh sakdurunge ngadeke kerajaan Islam ing Demak ana kejadian sing ngagetake kabeh masyarakat Kudus. Ing sawijining dina ana peristiwa ing sawijining manungsa ingkang naminipun Kanjeng Sunan Sungging.
Ing sawijining dina, Kanjeng Sunan Sungging dolanan layangan, slirane anduweni niat kagem ngubengi wilayah nusantara. Mulane slirane mrembet-mrembet ing benang layanganipun kanjeng Sunan Sungging, slirane miber sampek negeri Tongkok. Ing negeri Tiongkok slirane ngawini wong wadon ing negei Tiongkok sampai nggadahi putra ingkang asmanipun The Liang Sing. Sakwise The Liang Sing sampun cukup umur, The Liang Sing diparingi nasehat yaitu The Liang Sing diutus kanjeng sunan Sungging kangge tindak wonten nusantara.
Sakwise The Liang Sing dumugi ing negeri nusantara, mangka do kumpula para wali ing sawijining panggenan kangge musyawarah ing sawijining dina, Sunan Kudus kedatengan tamu saking negeri Tiongkok. Maka ditimbali kyai Telingsing diutus damel kenang-kenangan kangge tamu saking negeri tiongkok. Kyai Telingsing damel kendi kang wonten lukisan/ kaligrafi ing jerone kendi. Kendi niku diaturake dening tamu Sunan Kudus. Kenang-kenanganipun namung kendi, lajeng kendinipun diuncalke. Sakwise diuncalke kendinipun pecah, lan wonten lukisan ing jerone kang tulisane inggih menika kalimat Syahadat. Tamunipun Sunan Kudus kaget mirsani tulisan ing kendinipun ingkang didamel kyai Telingsing. Tamunipun langsung percados ing Kyai Telingsing, amargi kyai Telingsing pinter nyungging/ ngelukis. Menawi sebab menika desanipun diparingi asma desa Sunggingan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar